Sabtu, 29 Maret 2008

Busana Gagrag Surakarta

SEJARAH AGEMAN GAGRAG SURAKARTA

Ing taun 1755, Karaton Mataram kaporo kalih wonten ing Perjanjen Giyanti 1 dados Karaton Surakarta kaliyan Kasultanan Ngayogjakarta. Wonten ing salah satunggaling suraosipun, isinipun Karaton Mataram kedah dipunporo kalih. Isi – isinipun inggih punika gamelan, ringgit, kreta, ageman - ageman lan sanes - sanesipun.
Gelar ratunipun ugi bnten. Menawi Karaton Surakarta, ratunipun jejuluk “Ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Paku Buwana Senopati Ing Ngalaga Ngabdulrahman Sayidin Panatagama Ing Nagari Surakarta”. Manawi Kasultanan Ngayogjakarta, ratunipun jejuluk “Ngarsa Dalem Ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Hamengku Buwana Senopati Ing Ngalaga Ngabdulrahman Sayidin Pantagama Khalifatullah Ing Nagari Mataram Ngayogjakarta.
Ageman asli Karaton Surakarta ugi dipunasta dening R.M.G Sujono (Hamengku Buwana I). Awit saking punika, I.S.K.S Paku Buwana nganggit ageman enggal ingkang ngrembaka ngantos dumugi sapunika.
PRINCENIPUN AGEMAN PUTRA GAGRAG SURAKARTA

a. DHESTAR utawi IKET
Iket ing Karaton Surakarta wonten 2, inggih punika cekok mondol kuncung lan jebehan awit benten ugi ingkang ngagem. Kangge Abdi Dalem Jajar ngantos Bupati, dhestaripun kedah ngagem cekok mondol kuncung. Nanging, kangge Tiya Nginggil ngantos Pangeran Putra, dhestaripun ngagem jebehan.







b. RASUKAN utawi KULAMBI
Rasukan utawi kulambi ingkang dipunagem punika sadaya wingkingipun sami krowok, amargi kangge panggenan nuncepaken keris. Manawi prekawis bentukipun, kados bentukipun ‘jas’ ingkang diagem tiyang – tiyang Walanda.
Kangge Abdi Dalem Jajar ngantos Bupati, Santana Panji lan Riya Ngandhap busananipun ingih punika atelah. Nanging, kangge Santana Dalem lan Riya Nginggil, Pangeran Wayah lan Pangeran busananipun beskap.
Miturut bentukipun lan ingkang nganggit, rasukan kaperang dados gangsal, inggih punika :
Ø Beskap :
Beskap punika dipunanggit dening Bescaf, juru busana ingkang asalipun saking Walanda ing taun 1755. Nalika punika, Paku Buwana II ngersaaken manawi Karaton Surakarta gadhahi ageman piyambak. Lajeng, Bescaf kadhawuhan nganggit ageman. Sasampunipun dados, rasukan wau katengeran asmanipun ingkang nganggit, Bescaf. Amargi tiyang Jawi mboten saged ngucapaken tetembungan manca ingkang mboten jumbuh kaliyan logatipun, tembung ‘Bescaf’ lajeng malih dados Beskap.
Beskap punika bentukipun kados jas ingkang krowok / bolong wingkingipun. Benikipun wonten 13. Princenipun nginggil (daerah gulon) wonten 2. badan wonten 5, ingkang daerah jaja wonten 2, daerah pojok tengen ngandhap sanginggilipun saku wonten 2, lajeng ingkang 1 wonten ngandhap saku. Lajeng ingkang 6 punika kapara dados kalih, kiwa kaliyan tengen. Asta kiwa ngandhap wonten 3 lan tengen ngandhap wonten 3. Sakunipun miring saking nginggil mengandhap.



Ø Atelah :
Atelah punika dianggit dening Atelah, juru busana ingkang asalipun saking Walanda ing taun 1755. Bibar ndhawuhi Bescaf nganggit busana, Paku Buwana II ngersaaken malih Karaton Surakarta gadhah ageman. Lajeng Atelah kadhawuhan nganggit ageman. Bibar dados, rasukan wau katengeran asmanipun ingkang nganggit, Atelah.
Atelah punika bentukipun kados jas ingkang krowok / bolong wingkingipun. Benikipun wonten 13. Princenipun nginggil (daerah gulon) wonten 2. badan wonten 5, ingkang katata runtut urut nginggil dumugi ngandhap. Asta kiwa ngandhap wonten 3 lan tengen ngandhap wonten 3. Sakunipun wonten 2 lan jejer rata wonten jaja.
Ø Sikepan :
Sikepan kaangit ing taun 1755. Rasukan punika gadhah gabungan (kolaborasi) saking Beskap kaliyan Atelah. Princenipun sikepan inggih punika benikipun runtut saking nginggil mengandhap lan wonten ing sisih kiwa. Sikepan mboten wonten benik ing gulon. Lajeng benikipun asta, sisih kiwa ngandhap lan tengen ngandhap sami cacahipun, inggih punika 3. Lajeng sakunipun kados Atelah, wonten ing jaja. Daerah wingkingipun bolong sami kaliyan sanesipun.
Panganggene Sikepan punika benten kaliyan busana sanesipun. Manawi busana bentenipun benikipun dipunkancingaken. Menawi Sikepan mboten. Dados ketingal jajanipun ingkang ngagem. Lan ingkang mbentenaken malih, manawi Sikepan ngangge rompi pethak kangge jerohanipun. Biasanipun, Sikepan punika diagem dening kaluwarga – kaluwarga ingkang raket kaliyan Sinuhun.
Ø Langenharjan :
Langenharjan punika dianggit dening K.G.P.A.A Mangkunegara IV, panguwaos wonten Pura Mangkunegaran. Nalika Pangeran Mangkunegara IV wangsul saking Negari Walanda, Paku Buwana IX nimbali piyambakipun wau. Piyambakipun katimbalan wonten ing Langenharja, daerah Pengging. Lajeng, piyambakipun menggalih manawi piyambakipun ngagem Atelah punika kok kados nggunggungaken dhiri dhumateng Paku Buwana IX (amargi Atelah punika diagem manawi wonten upacara – upacara resmi utawi pisowanan lan sanes - sanesipun). Manawi ngagem Beskap, wong punika badhe tindhak wonten ing panggenan ingkang mboten resmi, mboten trep. Lajeng, Mangkunegara IV gadhah gagasan upami rasukanipun ingkang dipunagem wonten ing Walanda punika dipunkrowok wingkingipun.
Sak banjuripun piyambakipun sowan wonten ngarsanipun PB IX, PB IX remen kaliyan rasukanipun Gusti Pangeran wau. Lajeng, Sinuhun Dalem nyuwun priksa dhumateng piyambakipun. Piyambakipun dereng gadhah nami kangge agemanipun piyambak. Kangge rasukan punika, PB IX maringi tetenger Langenharjan.
Langenharjan bentukipun kados jas ingkang krowok / bolong wingkingipun. Rasukan punika ngangge dhasi kupu – kupu ingkang mboten ditemokaken wonten ing rasukan sanesipun. Daerah jaja mengandhap dumugi usuk (rusuk) punika kados gadhah kerah ingkang kabikak amba. Jerohanipun ngangge dobelan rasukan pethak. Sakunipun wonten ing ngandhap (sami kados Beskap). Astanipun kiwa lan tengen gadhah benik wonten daerah ngandhapipun ingkang cacahipun tiga. Daerah ngandhapipun asta punika dipunplipit sakedhik.
Ø Takwa :
Takwa punika bentukipun kados Beskap. Manawi Beskap punika ngandhapipun biasa, Takwa ngandhapipun lancip. Sami kados Beskap, Takwa punika bentukipun kados jas ingkang krowok / bolong wingkingipun. Benikipun wonten 13. Princenipun nginggil (daerah gulon) wonten 2. badan wonten 5, ingkang daerah jaja wonten 2, daerah pojok tengen ngandhap sanginggilipun saku wonten 2, lajeng ingkang 1 wonten ngandhap saku. Lajeng ingkang 6 punika kapara dados kalih, kiwa lan tengen. Asta kiwa ngandhap wonten 3 lan tengen ngandhap wonten 3. Sakunipun miring saking nginggil mengandhap.
c. PANINGSET
Mligi sabuk ingkang kagolong cindhe naming raja ingkang antuk ngangge.

d. EPEK – TIMANG – LEREB
Kangge para Pangeran Putra, Pangeran Sentana lan Riya Nginggil dililahaken ngangge sabuk ingkang motifipun ‘untu walang’ blodiran. Abdi dalem kajawi punika, epekipun polos.






e. SINJANG utawi JARIK
Kain ingkang motifipun lereng namung kapareng dipunagem kaliyan Pangeran Wayah lan Pangeran Putra. Kangge abdi dalem, motif lereng wau mboten pareng diagem.





f. KERIS utawi DHUWUNG
Keris ing Karaton Surakarta wonten 2, inggih punika gayaman lan warangka ladrang awit benten ugi ingkang ngangge. Kangge busana padinten, ngangge keris gayaman. Nanging, kangge pisowanan utawi upacara sanesipun, ngangge warangka ladrang.

g. SELOP utawi CENELA
Selop utawi cenela dipunagem wonten ing suku.











MODEL – MODEL BUSANA PUTRA
a) Putra Cothan
Busana punika diagem dening para putra raja saderengipun diwasa wonten ing upacara Piowanan. Busana punika mboten ngagem rasukan ing nginggilipun. Putra – putra punika ngagem rasukan batik ingkang polanipun parang, kados Parang Barong, sabuk ageng, gesper sabuk lan kalung ulur.
b) Busana Cothan Sikepan Cekak
Busana punika dipunagem dening para pengeran ingkang ngagem Sikepan pethak, rompi pethak ing jawinipun, mboten ngagem dhestar. Busana punika dipunagem kangge ngiringi penganten jaler.
c) Pangeran Sikepan Cekak
Busana punika dipunagem dening putra raja ingkang dipunagkat dados pangeran. Busana punika ugi dipunagem wonten ing upacara – upacara kangge mengeti ulang taunipun pengangkatan raja lan wonten ing upacara mantenan para putra lan putri raja. Princenipun busana inggih punika dhestar, beskap, sikepan ngangge rompi, bross wonten ing jawi, kalung ulur, rasukan bathik parang, sabuk, sabuk ageng, gesper sabuk lan boro.
d) Pangeran Prajuritan : Truno Kembang
Wonten ing kalodhangan parade serdhadhu karaton, para pangeran ngagem busana prajuritan. Busana punika princenipun kuluk, sikepan cekak mawi rompi ing jawinipun. Busana prajuritan punika dipunkompliti kaliyan kalung ulur, sabuk, kain celup, sabuk ageng, keris lan anggar, pantalon panjen lan cancutan.
e) Pangeran Beskap Kembang
Busana punika dipunagem dening para pangeran. Busana punika dipunkompliti kaliyan dhestar biru, sabuk, sabuk ageng, gesper sabuk. Busana punika dipunagem wonten ing upacara Pasowanan ing wanci dalu.
f) Putra Dhodhot Gedhedheran Sikepan Ageng
Dhodhot Gedhedheran dipunagem dening para pangeran wonten ing kalodhangan Festival Grebeg Mulud. Pangeran – pangeran punika ngagem kuluk mathak, sikepan ageng ingkang kasulam mawi benang semu – semu emas, selop, keris, sabuk, sabuk ageng, gesper sabuk, kalung ulur, pantalon celup mawi dhodhot ageng gedhedheran. Busana punika ugi dipunagem wonten ing resepsi mantenan.
g) Putra Langenharjan
Busana punika diagem dening penganten jaler wonten ing wekdal upacara Sang-keran. Wonten ing tradhisi mantu Jawi, busana punika diagem dening penganten jaler lan kasebat busana Langenharjan.








PRINCENE AGEMAN PUTRI GAGRAG SURAKARTA

a. UNGKEL utawa SANGGUL
b. KEBAYAK
c. SEMEKAN
d. SETAGEN
e. JANURAN lan SLEPE
f. KAIN
g. CENELA
MODEL – MODEL BUSANA PUTRI

a) Putri Sabukwala
Busana punika princenipun inggih punika pola dringin mawi slepe, ukel welah sawelit, cunduk jungkat, cunduk mentul, kalung, anting – anting, gelang lan cincin. Busana punika dipunagem ugi kangge ngiring penganten estri.
b) Putri Sabukwala Kebaya Cekak
Busana punika dipunagem para putrid raja wonten ing upacara tetesan lan supitan. Para putrid raja punika ngagem busana punika mawi rasuka kebaya cekak, gesper mawi kathah ornamen, slepe, ukel welah sawelit, dikompliti mawi kokar, cunduk jungkat, cunduk mentul ngagge asesoris.
c) Putri Dhodhot Ageng Ngumbar Kunca
Wonten ing kalodhangan Festival Grebeg Mulud wontwn ing karaton, para putrid raja ingkang sampun ‘dipunampil’ ngagem busana punika, konde ukel ageng ingkang dipunracik mawi sekar Banguntulak, dikompliti ngagge borokan, sekar melati, cunduk jungkat, anting – anting ingkang awujud Brumbungan, kalung, gelang, kain bathik celup. Ing nginggilipun, dipunagemi selendang, sabuk, pending lan slepe.
d) Putri Semekan Kancing Wingking
Saben dinten Senin lan Kamis rikala para putri raja sowan raja, para putri punika ngagem busana punika lan rasukan bathik pola parang, kadosta parang baris mawi rasukan busana semekan pola dringin ingkang wingkingipun dipunpeniti. Kondhe Ukel Agengipun para putri punika karacik kaliyan ron pandhan. Busna punika diagem dening para putrid raja menawi badhe tindhak dhateng panggenan Snagkeran. Kangge upacara mantenan, para putri punika ngagem kalung, gelang, anting –anting, cunduk jungkat lan cincin.

e) Putri Pinjung Kencong
Busana punika diagem dening para putri ingkang yuswanipun sampun linuwih langkung saking 8 taun, saderengipun para putrid punika napak kadiwasan. Para putri raja punika ngagge rasukan celup, mekak lan Ukel Welah Sawelit dikompliti mawi kokar, cunduk jungkat, cunduk mentul lan asesoris sanessipun.
f) Bedhaya Dhodhot Klembrehan (Ampil – ampil Miyos Bakda)
Busana punika diagem dening para abdi dalem ingkang estri saking pejabat inggil karaton wekdal – wekdal upacara ageng karaton. Para abdi punika ngiring raja lan mbeta bandha kagunganipun sang raja.
g) Putri Kebaya Cekak
Ing kalodhangan ngiring raja kangge nyambut tamu – tamu wigati wonten ing karaton, para putri raja ingkang dereng ‘dipunampil’ lan saweg napak kadiwasan ngagem Kebaya Cekak ingkang kasulam mawi benang semu emas, dikompliti mawi kondhe ukel ageng ingkang karacik maw iron pandhan, ngagem rasukan bathik pola parang (kadosta Parang Kusuma), kalung, anting – anting, cunduk jungkat, gelang.
h) Putri Kebaya Panjang
Ing kalodhangan Pasowanan Ageng, para putri raja ingkang sampun ‘dipunampil’ ngagem Kebaya Panjang, kondhe ingkang arupi ukel ageng Banguntulak, karonce kaliyan sekar melati, borokan asesoris lan cunduk jungkat. Kebaya Panjang punika dikompliti mawi satumpuk bros, kalung, anting – anting lan gelang. Busana punika ugi dipunagem wonten ing upacara mantenan.





SEJARAH AGEMAN MANTEN GAGRAG SURAKARTA

Miturut cariyos para sepuh kina, sakderengipun ageman manten ratu punika pareng dipenagem utawi lilah diagem dening para kawula, kawiwitan Paku Buwana II (R.M.G Prabayasa) keplayu ngantos Kadipaten Ponorogo, amargi Karaton Kartasura dipunbedhah dening R.M.G Garendhi kang dibyantu warga Cina saking Batavia. Sinuhun Paku Buwana II anggenipun mlayu dipundherekakaen para abdinipun.
Sak sampunipun Paku Buwana II saged ngrebut balik Karaton Kartasura, Sinuhun lajeng menggalih kahananipun Karaton Kartasura ingkang sampun risak amargi mengsah. Mila punika, Sinuhun lajeng gadhah gagasan kangge mindhah karaton wonten ing Dusun Sala lan dipuntengeri Surakarta Hadiningrat.
Kangge suka parisuka, para kawulanipun Sinuhun Paku Buwana II maringi lilah menawi rakyatipun dados manten, rasukanipun Sinuhun saged dipunagem laminipun sadinten.








PRINCENE AGEMAN MANTEN GAGRAG SURAKARTA

a. Busana Penganten Jaler
Penganten jaler ngagem pantalon abrit mawi rasukan pola alas – alasan, sabuk ageng, gesper sabuk miji jagung, kalung ulur lan ngagem Kuluk Mathak.
b. Busana Penganten Estri
Penganten estri ngagem rasukan abrit, ing jawi ngagem dhodhot pola alas – alasan, kondhe arupi mangkok kewalik mawi krukup, karacik mawi sekar melati miji timun, cunduk mentul, asesoris borokan lan reroncen sekar melati.
Lajeng, menawi penganten putri punika inggih dipunpaesi. Paes werdinipun inggih punika :
Ø Gajah – gajahan : Gusti Ingkang Maha Kwaos
Ø Pengapit: Ibu
Ø Panitis : Bapak
Ø Godheg : Anak

Pangajabipun inggih punika supados sadaya komponen kaluwarga saged dados becik. Mila punika wonten “ABIMANYU”, inggih punika Anak, Bapak, Ibu Manuggal Marsudi Yektining Urip.

2 komentar:

Anonim mengatakan...

Wah berguna sekali, terutama karena saya dapat tugas sama persis seperti artikel ini. Kebetulan saya juga dari sman 4 surakarta, terima kasih atas artikelnya saya numpang minta

Anggoro Firman Fachurozy mengatakan...

Sangat berguna, terutama dalam membuat TTS tentang Busana Adat Jawa. Terima kasih atas artikel Anda.